0 Komentar

MasroziqContoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa)

Sambutan wali murid dalam perpisahan sekolah merupakan suatu keharusan dalam acara perpisahan sekolah dan pelepasan siswa-siswi baik kelas 6, kelas 9, maupun kelas 9. Disamping sambutan dari wali murid juga ada pidato perpisahan oleh siswa dengan diwakili salah satu siswa kelas 6, 9, atau 12 dalam jenjang masing-maisng.

Nah pada kesempatan ini, saya akan memberikan contoh pidato sambutan bahasa Jawa oleh wali murid dalam rangka perpisahan sekolah. Contoh sesorah singkat ini saya rasa bisa membantu untuk Bapak atau Ibu wali murid yang diberikan tugas untuk memberikan sambutan dalam acara perpisahan sekolah anaknya. Berikut ini Contoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa).

Contoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa)

Contoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi hadana lihadza wamakunna linahtadiya laula an hadanallah
Wash shola tuwassalamu'ala rosulihi muhammadin wa'ala alihi washoh bihi ajmain
Ammba'du

Ingkang kito hormati Bapak kepala sekolah (.........)
Ingkang kawulo hormati segenap Bapapk Ibu guru soho staf tata usaha sekolah (.........)
Bapak lan Ibu wali murid kelas (........) ingkang kinurmatan
Lan mboten ketinggalan putra-putri kelas (.....) ingkang kawulo tresnani

Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos sukur dumateng Allah SWT keranten ing saat dinten puniko kito taseh dipun paringi nikmat kesehatan sehinggo saget makempal wonten acara perpisahan sekolah (........) ingkang mboten wonten alangan punopo.

Sholawat soho salam mugi kaunjuk dumateng nabi kito Muhammad SAW lan mugi kito angsal pitulung syafaat benjang wonten dinten kiyamat Amin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Keparengo kawulo matur ing mriki minagkani talang atur wakil saking wali murid. Kawulo ten mriki bade nyampeaken sekedik sambutan dalam rangka acara perpisahan sekolah ing sekolah (..........) meniko.

Sakderengipun kawulo aturaken maturnuwun dumateng saudara pranata acara ingkang sampun amaringi wekdal kangge kawulo.

Salajengipun, kawulo aturaken maturnuwun sangt dumateng Bapak lan Ibu guru ingkang sampun purun dikik putra lan putri kawulo wonten ing sekolah mriki. sehinggo ing saat puniko putra lan putri kawulo sampun dinyataaken lulusa saking sekolah meniko kanti bimbingan, arahan do'a lan didikan saking Bapak lan Ibu guru. Mugi jerih payah panjenengan sedoyo dipun ridhoi dumateng Allah SWT lan ilmu ingkang sampun ditularekan dumateng putra putri saget bermanfaat dumateng pribadi, gamai, bangso lan negoro lan saget manfaat wonten dunyo lan akhirat.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati

Ingkang nomer tigo, kawulo ngaturaken pangapunten snagte dumateng pihak sekolah, bili menawi putra lan putri kawulo wonten ing mriki ndadosaken repote Bapak lan Ibu guru anggoning ndidik, ngandani, lan ngarahaken ing saben dintenipun.

Terakhir kawulo nyuwun pandonganipun dumateng Bapak lan Ibu guru supados putra-putri kawulo samangke sampun medal saking sekolah puniko supados dados tiyang ingkang bener, gadahi sopan santun, tatakrama lan unggah-ungguh ingkang sae. Lan saget nglanjutaken pendidikan ingkang sanginggile.

Selengkapnya :

Contoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa)


Demikianlah Contoh Pidato Sambutan Wali Murid Perpisahan Sekolah (Bahasa Jawa), semoga pidato sambutan bahasa Jawa ini bermanfaat.



Post a Comment

 
Top