0 Komentar

Tanggal 1 Muharram merupakan salah satu peringatan hari besar Islam yang disebut dengan peringatan tahun baru Islam atau tahun baru Hijriyah. Peringatn tahun baru Hijriyah ini sering diperingati diberbagai daerah yang mayoritas berpenduduk muslim dengan berbagai bentuk kegiatan.

Pada postingan kali ini, saya akan memberikan contoh naskah pidato tahun baru Islam dalam berbahasa Jawa. Contoh sesorah Tahun baru Hijriyah ini isinya cukup singkat yang mudah dipahami bahasanya dan mudah dihafal. Jadi bagi sahabat yang sedang mencari contoh teks pidato tahun baru Islam bisa melihat contoh berikut ini Pidato Agama Tahun Baru Islam Bahasa Jawa.

Pidato Agama Tahun Baru Islam Bahasa Jawa

Pidato Agama Tahun Baru Islam Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ الْحَمْدُ للهِ الْبَدِيْعِ الْهَادِى إِلَى بَيَانِ مَهْيَعِ الرَّشَادِ. أَمَّا بَعْدُ.

Ingkang kinurmatan poro alim soho ulama
Ingkang kinurmatan poro ustadz lan tokoh masyarakat
Sedoyo hadirin ingkang kawulo hormati ugi

Langkung rumiyin monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng gusti Allah, ingkang sampun amaringi katah kenikmatan, arupi nikmat kesehatan, nikmat iman lan Islam, sehinggo kito sedoyo saget makempal wonten ing halaman puniko kangge memperingati tahun baru Islam utawi tahun baru Hijriyah 1440 meniko kanto sae mboten amanggihi alangan punopo.

Sholawat lan salam, monggo sesarengan ugi kito unjukaken dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW beliau selalu makhluk mulia ingkang sampun ambeto jaman jahiliyah menuju jaman Islam. Lan mugi-mugi kito sedoyo dianggep dados umatipun sehinggo angsal pikantuk syafaatipun benjang wonten dinten kiyamat. Amin yarobbal 'alamin.

Hadirin ingkang kawulo hormati

Wonten mriki, kawulo bade nyampeaken sekedik sesorah tentang peringatan tahun baru Islam utawi tahun baru Hijriyah

Hadirin wal khadirot rohimakumullah

Sakderengipun kawulo bade tangklet kaleh panjenengan sedoyo, menopo kok tahun baru Hijriyah niki kito peringati? nopo tujuane? Kito kedah mangertosi sejarah rumiyin. Sejarah tahun Hijriyah meniko pripun? 

Sejarah tahun Hijriyah dimulai dening hijrahipun kanjeng nabi Muhammad SAW saking Makkah dumugi Madinah. Nah wiwit niku dimulai tahun 1 Hijiriyah. Niki sejarah singkatipun Tahun Hijriyah.

Ing saat puniko, alhamdulillah kito saget gesang wonten tahun ingkang 1440 H lan kito saget gesang kanti aman, mboten wonten peperangan, mboten malih gesang ing jaman jahiliyah sehinggo kito kedah nambahing syukur marang gusti Allah. Cobi bayangake, menawi panjenengan gesang wonten ing jaman Islam dereng muncul lajeng bade ngurip-urip agamanipun Allah arupi sholat, puasa, zakat lan saklintunipun, sedoyo meniko bakal kangelan. nggih nopo nggih?

Hadirin ingkang berbahagia

Kawontenanipun peringatan, syukuran tahun baru Islam meniko kedah kito manfaataken kanti maksimal, tegese punipo? kito kedah mundut hikmat saking peringatan puniko. Contonipun kito kedah semangat anggene ningkataken takwa maring Allah SWT, kito kedah introspeksi diri kalian tahun ingkang sampun kepungkur. Kito kedah gesang langkung sae tinimbang tahun ingkang sampun dilampahi.

Pramilo saking meniko kito sebagai umat Islam kedah ngelanjutaken perjuanganipun kanjeng nabi, dakwahipun kanjeng nabi kelawan kemampuanipun piyambak-piyambak. Supadoyo Islam sangsoyo maju lan Islam dados pribadi kito. Lan wonten kesempatan puniko monggo kito sareng-sareng nyuwun dumateng Allah SWT supados saget ngelampahi tahun ngajeng supados saget istiqomah anggene ngelampahi kabejikan, lan nopo-nopo ingkang diridhoi deneing Allah lan utusanipun. Amin yarobbal alamin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Selngkapnya :

Pidato Agama Tahun Baru Islam Bahasa Jawa


Demikianlah Pidato Agama Tahun Baru Islam Bahasa Jawa, semoga bermanfaat.


Post a Comment

 
Top