0 Komentar
Masroziq - Peringatan nuzulul qur'an merupakan salah satu kegiatan yang dilaksanakan pada bulan Ramadhan. Nuzulul Qur'an sering diartikan sebagai waktu turunnya Al-Qur'an. Hal ini merupakan pengertian secara umum saja. Sebab Al-Qur'an diturunkan secara berangsur-angsur selama kurang lebih 22 tahun, dan ada sebagaian mengatakan kurang lebih 23 tahun. Namun semua itu tidak patut kita permaslahkan, tetapi bagaimana kita mengambil pelajran dengan adanya peringatan nuzulul qur'an ini.

Pada postingan ini saya akan berbagi contoh pidato bahasa Jawa dengan tema Peringatan Nuzulul Qur'an. Contoh pidato singkat ini kita memakai bahasa Jawa yang tingkatannya tidak begitu tingga, namun kita mudah untuk memahami bahasa Jawa yang digunakan pada pidato ini. Disamping itu juga terdapat beberapa dalil Al-Qur'an beserta artinya.

Contoh Teks Pidato Nuzulul Qur'an Bahasa Jawa

Contoh Teks Pidato Nuzulul Qur'an Bahasa Jawa


Assalamu'alaikum Wr. Wb.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَوَّرَ قُلُوْبَ الْمُؤْمِنِيْنَ بِالْمَعْرِفَةِ فَاطْمَأَنَّتْ قُلُوْبُهُمْ بِالتَّوْحِيْدِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ إِلَى يَوْمِ الْمَوْعُوْدِ. . أَمَّا بَعْدُ

Ingkang kinurmatan Bapak kiai (...........) ingkang kito mulyaaken.
Ingkang kawulo hormati Bapak soho Ibu hadirin sedoyonipun ugi ingkang kawulo tresnani.
Sedoyo sesepuh pinisepuh lan sedoyo tokoh masyarakat ingkang mboten saget kawulo sebat asmanipun setunggal-setunggal, nanging mboten ngirangi raos khurmat kawulo.

Langkung rumiyin, monggolah kito sesarengan ngraosaken syukur dumateng gusti ingkang moho agung, ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito sedoyo. Lan sehinggo kito saget makempal wonten pengajian peringatan nuzulul qur'an wonten tempat meniko kanti sae mboten wonten alangan punopo.

Sholawat ugi salam, mugi kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito sedoyo ajeng-ajeng syafaatipun benjang ing dinten akhir.

Bapak Ibu hadirin ingkang kawulo hormati

Bapak Ibu ngertos? menopo ingkang dipun arani malam Nuzulul Qur'an? Kawulo paringi keterangan. Bilih malam peringatan meniko inggih puniko malam peringatan tumurunipun Al-Qur'an. Peringatan meniko kito laksanaaken seiap malam tanggal 17 wonten wulan Ramadhan. Kados firman Allah SWT ingkang wonten Al-Qur'an surat Al-Baqarah.


شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآَنُ

“(Beberapa hari yang ditentukan itu ialah) bulan Ramadhan, bulan yang di dalamnya diturunkan (permulaan) Al Quran ” (QS. Al Baqarah: 185).

Hadirin ingkang kawulo tresnani

Pengetan malam nuzulul qur'an meniko ampun kito dadosaken sekedar pengetan mawon, ananging kedah dipun kito khayati, kedah dipun kito petik inti saking malem pengetan meniko. Kito saget mendet khikmahipun acara nuzulul qur'an meniko. Sepindah supados keimanan kito saget kuat, saget nambah, lan kecintaan kito dumateng Al-Qur'an lan kanjeng nabi Muhammad saget bener-bener cinta, saget dipun wujudaken sakwusipun pengetan meniko kito kedah saget nambah waktu anggoning maos Al-Qur'an.

Kaping kalihipun, Al-Qur'an sebagai kitab suci umat Islam saget kito amalaken isinipun wonten kehidupan sehari-hari. Sebab Al-Qur'an meniko kedah dados petunjuk kangge umat ingkang bertaqwa. Kados dawuhipun Allah SWT wonten surat Al-Baqarah.

ذَلِكَ الْكِتَابُ لَا رَيْبَ فِيهِ هُدًى لِلْمُتَّقِينَ

Kitab (al Qur’an) ini tidak ada keraguan padanya; petunjuk bagi mereka yang bertaqwa.

Bapak Ibu hadirin ingkang dirahmati Allah

Salajengipun khikmah ingkang nomer 3 inggih puniko, Al-Qur'an bener-bener saking Allah ta'ala. Sebab taseh wonten ing zaman meniko mboten percoyo kalih Al-Qur'an. Padahal Al-Qur'an meniko sampun kauji saking segi gaya bahasa nipun, isinipun mboten saget ditiru marang menungso.

Tasih katah sanget khikmah ingkang saget kito pendet saking malam peringatan Nuzulul Qur'an meniko. Ananging wekdal ingkang mboten anyekapi dados kawulo cekapaken semanten mawon. Saking wiwit awal dumugi akhir mbok bilih katah kekirangan kawulo nyuwun agungipun pangapunten.

Selengkapnya :

Contoh Teks Pidato Nuzulul Qur'an Bahasa Jawa


Demikianlah pidato tentang Nuzulul Qur'an versi bahasa Jawa, semoga bisa membawa manfaat bagi kita semuanya.



Post a Comment

 
Top